Jumat, 15 Januari 2016

rupabasa

RURA BASA TEMBUNG SALAH KAPRAH 
Tembung salah kaprah ugi winastan tembung  rura basa, tegesipun tembung ingkang sampun risak utawi tembung ingkang sampun lepat nanging kaprah. Tembung salah kaprah punika kapérang dados kalih ;
A.  Tembung salah kaprah ingkang patèn, tegesipun boten saged kaéwahan malih utawi boten saged dipunleresaken ;
1.  Adang sega  : Adang beras supaya dadi sega.  
2.  Mbathik jarit  : Mbatik mori supaya dadi jarit.  
3.  Mènèk krambil  : Mènèk wit krambil.
4.  Nguleg sambel  : Nguleg Lombok supaya dadi sambel.
5.  Nulis layang  : Nulis kertas supaya dadi laying.
6.  Nggodhok wédang : Nggodhog banyu supaya dadi wedang.
7.  Ngenam klasa  : Ngenam pandhan supaya dadi klasa.
8.  Negor gedhang  : Negor wit gedhang. 
B.  Tembung salah kaprah ingkang boten patèn, tegesipun tembung ingkang saged  dipunleresaken malah kepara kedah dipunleresaken ;
1.  Acara   ingkang leres  adicara. Awit tembung  acara punika tembung asalipun
saking basa Indonesia.
2.  Ojo  panyeratan punika manut tata paramasastra Jawi lepat ingkang leres aja, awit panyeratan mawi [o] punika panyeratan manut kaidah  paramasastra Indonesia, jer basa Indonesia punika boten saged mbèntenaken antawisipun [a] jejeg kaliyan [o].
Manut kaidah Basa Jawa Manut kaidah Basa Indonesia
Cara      coro
Coro      coro
Lara      loro
Loro      loro
Sapa      sopo
Ana       ono
Wanasaba     wonosobo
Kaliwira     kaliwiro
Sriyanta     sriyanto
Setya Amrih Prasaja   Setyo Amrih Prasojo
Purwareja     purworejo
Retna     retno
Selakrama     selokromo
Leksana     leksono Bahan Ajar Kelas XI Semester Genap 
Triyana     triyono

3.  Panyerating è,e, lan é, kaidah basa Jawi taksih mbèntenaken panyeratan aksara swara è,e,é, déné kaidah basa Indonesia panyeratan [e] boten wonten bèntenipun ;
Manut kaidah Basa Jawa Manut kaidah Basa Indonesia
Kéné          kene
Geger        geger
Gègèr        geger
Kéré           kere
Keré           kere
Sléman     sleman
Kéthok     kethok
Kethok     kethok
Kèthok     kethok
Sapèn       sapen
Kelek        kelek
Kèlèk         kelek

4.  Panyeratan [i] ingkang  dipunwaos [i], lan panyeratan [i] ingkang dipunwaos [e] ;
Uniné [pithék / péthék] panyeratan ingkang leres pithik.
Uniné [sakéng] panyeratan ingkang leres saking.
Uniné [paléng] panyeratan ingkang leres paling.
Uniné [maléng] panyeratan ingkang leres maling.
Uniné [krambél] panyeratan ingkang leres krambil.

5.  Panyeratan aksara swara [u] ingkang kawaos [u] lan panyerating aksara [u] ingkang
kawaos [ů] ;
Alun – alun  dédé  alon – alon
Wedhus   dédé  wedhos
Jujul   dédé  jojol
Udud   dédé  odod
Putih   dédé  poteh
Tukul   dédé  tokol

6.  Ulang tahun basa Jawinipun ambal warsa.
Happy birthday   selamat ulang tahun   sugeng ambal warsa.

7.  Selamat Tahun Baru langkung trep mawi sugeng tanggap warsa;
Happy new year  selamat tahun baru   sugeng tanggap warsa.

8.  Akir – akir iki ingkang leres tembé iki, ntas iki ;
Akhir – akhir ini   akir – akir iki [lepat].
Akhir – akhir ini   tembé iki, ntas iki [leres].

9.  Antara liya ingkang leres antarané ;
Antara lain    antara liya [lepat].
Antara lain    antarané [leres].

10. Caos lebetan, caos input, ingkang leres caos pamrayogi, caos panyaruwé ;
Memberi masukan  caos lebetan [lepat].
Memberi masukan  caos input [lepat].
Memberi masukan  caos pamrayogi, caos panyaruwé [leres].

11. Dudu, dédé, liya, sanés;
Dudu tembung ngoko basa Indonesiané bukan.
Dédé tembung krama basa Indonesiané bukan.
Liya tembung ngoko basa Indonesiané lain.
Sanés tembung krama basa Indonesiané lain.
Kula murid SMA dédé murid SMP.
Punika buku dédé potlot.
Punika sanès buku kula.

12. Dèrèng berpengalaman, taksih cubluking kawruh, kirang seserepan.
Belum berpengalaman   déréng berpengalaman [lepat].
Belum berpengalaman   taksih cubluking kawruh [leres]
Belum berpengalaman   kirang seserepan [leres].

13. Didukung, disengkuyung ;
Didukung     didukung [lepat]
Didukung     disengkuyung [leres]

14. Dipunbikak, dipunmilai, dipunwiwiti, dipunpurwakani ;
Dimulai     dipunbikak [lepat]
Dimulai     dipunmilai [lepat]
Dimulai     dipunwiwiti [leres]
Dimulai     dipunpurwakani [leres].

15. Dipuntutup, dipunpungkasi, dipunpurnani, dipungkasi ;
Acara ini mari kita tutup dengan….
Acara iki ayo kita tutup kanthi….
Adicara punika mangga kita tutup kanthi…. [lepat]
Adicara iki ayo dipungkasi kanthi….[leres]
Adicara punika mangga dipunpungkasi kanthi…[leres]
Adicara punika mangga dipunpurnani kanthi…[leres]

16. Kita, kula lan panjenengan, aku lan kowé. Tembung  kita  ing basa Jawi bénten kaliyan  kita bahasa Indonesia.  Kita basa Jawi tegesipun ;  kowé, sampéyan, panjenengan. Awit tembung  kita punika asalipun saking tembung  Jawi Kina ingkang nggadhahi teges kowé, sampéyan lan panjenengan.
Mari kita bersama – sama….
Mangga kita sesarengan [lepat]
Mangga kula lan panjenengan sesarengan [leres] utawi
Mangga sesarengan [leres]

17. Kula lan kawula ;
Kula punika laré dusun [leres]
Kawula punika laré dusun [lepat]
Kawula ing dusun ngriki kathah [leres].
Kula    saya, aku
Kawula    abdi, hamba, rakyat.

18. Kesimpulan, dudutan ;
Jadi kesimpulannya……
Dadi kesimpulané…. [lepat]
Dados kesimpulanipun… [lepat]
Dadi dudutané…. [leres]
Dados dudutanipun…. [leres] 

*) kapethik saking mawarni – warni sumber.

sanepa

01.Ambune arum jamban: Ambune banger
02.Awake kuru semangka: Awake lemu banget
03.Balunge aros debok: Balunge empuk banget
04.Barange aji dodhong garing: Barange ora aji banget
05.Bobote abot kapuk: Bobote entheng banget
06.Bobote bot merang segendheng: Bobote etheng banget
07.Cahyane abang dluwang: Cahyane pucet banget
08.Dedege dhuwur kencur: Dedege cendek banget
09.Enggale suwe banyu sinaring: Wektune cepet banget
10.Eseme pahit madu: Eseme manis banget
11.Kawruhe jeru tapak meri: Kawruhe sethithik banget
12.Kulitane wuled godhong lumbu: Kulite gampang suwek
13.Lemune banjo tampah: Lemune bundher banget
14.Pakulitane kuning silit kwali: Pakulitane ireng banget
15.Pemandhenge kedhep tesmak: Pemandenge njinggleng
16.Pikirane landhep dhengkul: Pikirane bodho banget
17.Playune lonjong botor (mimis): Playune banter banget
18.Playune rindhik asu digithik: Playune banter banget
19.Poalhe anteng kitiran: Polahe akeh banget
20.rasane legi butrawali: Rasane pait banget
21.Rembuge peret beton: Rembuge alus banget
22.Srawunge rnggang gula kumepyur pulut: Srawunge raket banget
23.Tatune arang kranjang: Tatune kerep banget
24.Tembunge pait madu: Tembunge manis banget
25.Rembunge resik peceren: Tembunge rusuh banget
26.Ulate bening leri: Ulate mrengut banget
27.Suwe mijet wohing ranti: Sedhela banget
28.Wujude agal glepung: Wujude lembut banget
29.Utange arang wulu kucing: Utange akeh banget.

Sumber: http://njawil.blogspot.com/2008/08/sanepa.html

GEGURITAN

Geguritan yaiku puisi jawa gagrag anyar kang ora kaiket dening paugerahan tertamtu. Bebas jumlah larik larik ukara ing saben pada, jumlahe pada, pilihan basa kang digunakake, maksude panggurit ana kang nggunakake purwakanthi kadhang ora migunakake purwakhanti. Geguritan kang migunakake purwakanthi yen dirunngokake luwih kepenak(luwih nges). Supaya luwih cetha wacanen paugerane geguritan.

Paugerane geguritan:

1. Ora kaiket wewaton guru gatra, guru wilangan, lan guru lagu.
2. Luwih ngutamakake babagan isine kang mentes, apik, endah, lan uga becik.
3. Kanggo nambah kaendahan basa nggunakake purwakanthi sawetra bae.
4. Isi pitutur, piweling, kritik, protes, sindiran, pangresah, pamundhut, lan sapanunggalane.
 

Langkah Langkah kanggo mahami sawijining geguritan:

1. Wacanen geguritan kanthi permati, yen perlu dibolan baleni.
2. Gatekna hubungan larik ukara, banjur wewehana tandha kanggo munggel (jeda), upamane punggel sauntara wewehana tandha (/) lan kanggo sigeg wewehana tanda (//).
3. Golekna teges tembung tembung kang kok anggep angel, kanthi terus dieling eling, menawa tembung tembung sajarone geguritan bisa duwe teges lugu, entar, bisa uga lambang utawa gegambaran.
4. Perlu digatekaku menawa saben karangan mesthi duwe pesen utawa amanat kang kepingin disampekake marang pamaca.
5. Tambahana tembung utawa wanda saengga ukarane dadi sedherhana lan gampang dimangerteni.
Sawijining geguritan duwe struktur batin utawa hakekat sing dumadi saka: tema, suasana, nada lan amanat, kang mujudake jiwaning geguritan kang ora bisa dipisahake.
 
tuladaha : 

Raden Ajeng Kartini

Nalika Iku, wanita den watesi.
Ora kena iki, ora kena iku.
denwatesi anggone lumaku.
bebasan kinunjara, tanpa tumindak dosa
Samubarang solahe diatur.
Kanthi pawadan drajat luwih asor, kudu manut mring sakabehing dawuh.
Ora kena sulaya, apa maneh dhuwa.
Nganti tumeka titiwanci
Jumedhule sawijining putri
Nggawa owah-owahan kang pinuji
ngangkat drajate wanita nganti bisa padha
ora beda kaya drajating priya
raden ajeng Kartini asmamu arum ngganda wangi
kanthi tulusing ati
kula ngaturaken matur nuwun ingkang tanpa upami.

Dari Geguritan berjudul Raden Ajeng Kartini tersebut dikirim oleh saudara Nurgud pada tanggal 21 Arpil 2015 pada pukul 18.00 WIB kemudian saya posting pada jam ini (jam 19.00 WIB).

 

cerkak

Cerita cekak utawa cerkak adalah mubarang bentuk karangan nduwe bentuk prosa naratif fiktif lan nggunakne Basa Jawi jero panulisane. Cerkak cenderung padat lan teras nang tujuane, dibandingna karo cerito fiksi sing luwih dawa kaya novel. Cerkak sukses nyandhalake teknik-teknik sastra kaya tokoh, alur, tema, basa, lan insight sacara luwih amba dibandingna karo fiksi sing luwih dawa.
 Cerkak cenderung kurang kompleks dibandingna karo novel. Cerkak biyasane muserke gatekan nang siji kedaden, nduweni siji plot, setting sing tunggal, cacah tokoh sing kewates, ncakup arah wayah sing singkat.

Pengertian Cerkak

Jero bentuk-bentuk fiksi sing luwih dawa, ceritone cenderung momot unsur-unsur inti tertentu saka struktur dinamis:

  • Eksposisi (panerna setting, situasi, lan tokoh utamane)
  • Komplikasi (kadadean neng jero cerito sing ngenalake konflik)
  • Aksi sing ningkat, krisis (wektu sing menentukan kanggo si tokoh utama lan komitmen dekne kabeh adhep mubarang jangkah)
  • Klimaks (titik minat paling dhuwur jero pangerten konflik lan titik cerito sing ngandung aksi paling akeh utawa penting)
  • Penyelesaian (kanggonan cerito neng endi konflik dipecahkan)
  • Moral
Amarga cendhak, cerito cekak bisa momot pola iki utawa bokmenawa uga ora. Dadi contho, cerito-cerito cekak modern mung sapisan ngandung eksposisi. Sing luwih umum yaiku awal sing mendadak, karo cerito sing dianyak neng tengah aksi. Kaya jero cerito-cerito sing luwih dawa, plot saka cerito cekak uga ngandung klimaks, utawa titik walik.

Ning mangkana, akhir saka akeh cerito cekak biyasane mendadak lan bukak lan bisa ngandung (utawa bisa uga ora) pesan moral utawa piwulang praktis. kaya akeh bentuk seni endia, ciri khas saka siji cerito cendhak beda-seje manut pengarangnya.

Cerkak nduweni 2 unsur yaiku:

1. Unsur intrinsik yaiku unsur sing nangi karya kuwi dhewe. Unsur–unsur intrinsik cerkak yaiku dadi iki:
  • Tema
  • Latar: panggon, wayah, kahanan.
  • Alur: maju, mundur, campuran.
  • Tokoh
  • Penokohan
  • Sudut pandang
  • Amanat
2. Unsur ekstrinsik yaiku unsur-unsur sing ana ing njaba karya sastra, ning sacara ora teras mempengaruhi tangen utawa sistem organisme karya sastra.

Unsur ekstrinsik meliputi:
  • aji-aji jero cerito (agama, budaya, politik, ekonomi)
  • Latar buri kuripan pengarang..
  • Situasi sosial pas cerito kuwi diciptakan.
tuladha :
Salah Parkir Mobil
Neng siji pelataran parkir basement, ono loro pemuda gae seragam jasa pangiriman paket bingung neng cedhak tunggangan dekne kabeh. Pemuda siji lagi lingguh neng walik lakok, lagekne pemuda sijine meneh bertolak bangkekan neng ngarepe. “Dik, ban ngarep nyangkut neng sudut sikut pancang gedung. Maju ora iso, mundur ora iso. Piye iki?” Budi pitakon alon nggumuyokake kegoblokane, ora becus markir mobil.  “Lah, mau parkire kepriye? Mlebu iso, mosok metune nyangkut?” takon pemuda sijine protes. Budi masar nyawang menyang sekeliling, ning ora ditemonane sijia satpam kanggo dijaluki tulung. “Wis, awake dhewe angkat wae mobile. Biyasa angkat montor, mosok geser sitik menyang kiwa ae loyo?” saur Budi ngasal.

“Hah?! Ngangkat mobil? Sing bener ae! Emang iso?” dijawab kanane. “Ya, awake dhewe coba dhisik, sing penting dijajal. Koe kanggonan kiwa, ana kanggonan tho. OK?” Sakarone jupuk ancang-ancang, nyekel kanggonan saka buri mobil kantor.

“Siji… loro…telu…!!!” Urat-urat nadine dekne kabeh anyak menonjol pas mulai ngangkat. Kringet ngrembugi pipi. Dumadakan wulang mbengok karo logat Jawane, “E.. E.. Ehhh.. aduuhhh.. bangkekan… Encok.. Encookkk.. cuklek suwi suwi balungku ‘ne ngene iki cerito ‘ne!” Budi sing krungune gumuyu. “Ahhh..koe kui...serius malah ngelucu! Dadi ilang iki tenaganne” saur Budi karo nepuk pundhak kancane kuwi sing asli kutha Jember.

karya sastra bahasa jawa

Pengertian dan Hakikat Sastra Jawa
Sastra menurut bahasa Sansekerta (Ḉastra) yang artinya tulis. Secara istilah sastra Jawa adalah segala bentuk pemikiran yang dicurahkan dalam bentuk tulisan sebagai medianya dengan menggunakan bahasa Jawa. Jadi, dapat disimpulkan bahwa suatu karya akan bernilai karya sastra jika sudah ditulis dan dibukukan. Hal ini disampaikan oleh Suparta Brata.
Wujud sastra Jawa, dibedakan menjadi dua:
1.      Prosa (gancaran), contohnya dalam bentuk novel, cerita cekak (cerkak), cerita gambar (cergam).
2.      Puisi (tembang), contohnya dalam bentuk lirik, geguritan, kidung, kakawin.
Selain itu, karena sastra berbicara tentang manusia dan kemanusiaan, maka sastra juga memuat seluruh aspek hidup manusia. Oleh karena itu terdapat berbagai kategori/jenis sastra berdasar pada sejarahnya:
a. Sastra Jawa Kuna
b. Sastra Jawa  Tengahan
c. Sastra Jawa Baru
d. Sastra Jawa Modern

cangkriman

Cangkriman iku unen-unen utawa tetembung sing kudu dibatang utawa di bedhek maksude. Cangkriman uga di arani badhekan.

a). Cangkriman wancah (cekakan), tuladha (contoh) 


  1. Pak beletos : Tapak kebo lelene satus
  2. Pak bomba, pak lawa, pak piyut = tapak kebo amba, tapa ula dawa, tapak sapi ciyut
  3. Pindhang kileng : sapi nang kandhang, kaki mentheleng
  4. Bot ginawa entheng, theng ginawa abot : klobot ginawa entheng, gentheng digawa abot
  5. Wiwa wite, lesbodhonge, karwa pake : uwi dawa uwite, tales amba godhonge, cikar dawa tipake
  6. Kabaketan : Nangka tiba neng suketan
  7. Yumaerong : yuyu omahe ngerong
  8. Suru bregitu : asu turu di bregi watu
  9. Karla ndheren : mbakar tela sumendhe keren
  10. Nasgithel : Panas, legi, kenthel
b). Cangkriman pepindhan (emper-emperan), tuladha (contoh) :


  1. Pitik walik saba kebon ( nanas )
  2. Urang sapikul matane pira ? ( ana 6 = Urang, sapi, kul )
  3. Sega sakepel dirubung tinggi, apa ? ( salak )
  4. Ora mudhun-mudhun yen ora nggawa mrica sakanthong ( kates )
  5. Emboke di elus elus anak di idak-idak ( andha )
  6. Gajah nguntal sangkrah ( pawon )
  7. Ing dhuwur wayangan, ing ngisor jedhoran (ngundhuh krambil )
  8. Kebo bule cancang merang ( buntil )
  9. Disuguh opak angin ( ora disuguhi apa-apa )
  10. Anake gelungan ibune ngrembyang ( pakis )
  11. Wes gedhe kok ngguyu tawa ( nangis )
  12. Pitik walik saba meja : sulak, kemoceng
  13. Bocah cilik tlusap-tlusup nang kebon ( dom / jarum).
  14. Wit adhikih woh adhakah   ( waloh )
  15. Wit adhakah woh adhikih  ( ringin )
  16. Emboke wuda, anake tapihan ( pring )
  17. Dikethok malah dhuwur ( celana
c). Awujud plesedan utawa blenderan, tuladha (contoh) :


  1. Wong wudunen kuwi sugih pari : pringisan
  2. Ora usah mutung. Mutung apa? Mutung kesarung (lutung kasarung)
  3. Wong adol tempe ditaleni = sing ditaleni tempe, dudu wong sing dodol.
  4. Wong mati ditunggoni wong mesam-mesem = sing mesam mesem wong sing nunggu, dudusing mati.
  5. Lampu apa yen dipecah metu uwonge (lampu toko sing lagi ditutup)
d). Awujud sinawung ing tembang, tuladha (contoh) :


  1. Bapak pocung cakemu marep mandhuwur,
  2. sabamu ing sendhang,
  3. pencokanmu lambung kering,
  4. prapteng wisma si pocung muntah guwaya
  5. (batangane = klenthing/jun)


  • Bapak pocung renteng renteng kaya kaliung
  • dawa kaya ula
  • pencokanmu wesi miring
  • sing disaba si pucung mung turut kutha 
  • (batangane : sepur)
  1. Bapak pucung
  2. dudu watu dudu gunung
  3. Sangkamu ing Plembang
  4. ngon ingone sang Bupati
  5. Yenlumampah
  6. Si pucung lembehan grana. (gajah)
  • Bapak pocung
  • Amung sirah lawan gembung
  • Padha dikunjara
  • Mati sajroning ngaurip
  • Mijil baka
  • Si pocung dadi dahana ( Penthol Korek )

pawarta

Pawarta yaiku katrangan kang bisa menehi pangerten ngenani sawijining kahanan.
Wujud pawarta : lesan lan tulisan
-Lesan :bisa digiyarake lumantar radio, TV, utawa diwaca lugas.
 -Tulisan : lumrahe kapacak ana ing ariwarti, kalawarti, lsp.
tuladha;
Kepleset, Siswa SMP Tiwas
Evi 15 taun, salah satunggaling siswi SMPN Tangen, Sragen, Rabu (13/4) antawis jam 10 tiwas sasampunipun dhawah ing wewengkon air terjun jumog jati, kecamatan Jenawi. Warga dusun Bagu kroderan, Grobogan punika dhawah ing wewengkon air terjun ingkan inggilipun 20 meter sasampunipun kepleset ing watu-watu ingkan wonten nginggil air terjun. Satemah piyambakipun nandhans wawu awrat ing perangan sirah lan badanipun.
Manut katrengan ingkang dipunklempakaken saking kepolisian kaliyan kancanipun sami lelenggahan ing pinggir kali urutipun air terjun. Wekdal badhe gantos papan sanesipun ingkang badhe dipuntingali, kanthi nyabrang kali sainggiling air terjun. Ananging Evi lan salah satunggaling kanca wanita ingkang wekdal mlangkah nyabrang kali sukunipun kepleset. Evi lajeng dhawah dhateng kali ingkang banter ilinipun tur lunyu pisan. Badanipun evi lajeng kanyut ngaton air terjun lajeng dhawah ing cocoran air terjun ingkang lebetipun 20 meter, kebak watu-watu lan tiwas saknalika.
Kapethik saking kalawarti penjebar semangat

Drama bahasa jawa

Drama yaiku salah sawijning karya sastra kang nggambarake crita ngenani uripe manungsa utamane saka konflik kang dialami kanthi pacelathon pacelathon lan tindak tanduk ing dhuwur panggung.
Unsur intrinsik drama yaiku bab bab kang ana ing njero naskah drama, bisa digoleki kanthi maca naskah drama kasebut.
 
Bab bab kang kalebu unsure intrinsik :

1. Tema

Saben karya sastra pasti nduweni tema, Tema yaiku bab kang dadi dashare naskah drama digawe Tema uga bisa diarani masalah utama kang dadi sumber cerita.

2. Alur

Alur utawa plot yaiku urutan kedadeyan kang dilakoni paraga utama saka babak kapisan nganti babak terakhir. Alur diperangake :
  • Ngenalake masalah, yaiku kedadeyan wiwitan kang ndandekake masalah maslaah kang dilakoni paraga paragane.
  • Mangerteni isi crita saka perkenalan paraga lan watake.
  • Masalah utawa konflik, yaiku kedadean kang isine ngenani masalah masalah kang wiwit diadhepi paraga paraga ing cerita kasebut.
  • Klimaks/puncak konflik, yaiku masalah sing saling angel kang diadepi paraga paraga ing crita, yaiku kedadean kang isine nyritakake kahanan para paraga ing pungkasaning crita drama.

3. Pacelathon

Miturut jinise pacelathon diperangake dadi loro. Miturut panggonan (prolog lan epilog) lan miturut cacahing paraga (monolog lan dialog)
- Miturut Panggonan :
  • Prolog : pacelathon kang ana ing ngarep drama (sadurunge paraga omong omongan )
  • Epilog : Pacelathon kang dadi panutupe pementasan drama. Sing nyritakake prolog lan epilog diarani narator.
- Cacahing paraga :
  • Dialog : Pacelathon kang diucapake sambung sinambung antarane salah sawijining paraga klawan paraga liyane.
  • Monolog : Pacelathon kang ditindakake mung dening siji paraga lan paraga liyane.

4. Paraga lan Watake (Tokoh dan penokohan)

a. Paraga ing drama diperangake dadi :
  • Tokoh utama : Paraga kang dadi sumber crita
  • Tokoh pembantu : Paraga kang ana nduweni dialog nanging ora dadi pusat penceritaan.
  • Tokoh figuran : Paraga kang dianakake supaya kahanane dadi kaya nyata, nanging paraga iki ora ngucapake dialog lan mung lewat saklebetan.
b. Miturut wtake, ing drama ana :
  • Tokoh Antagonis : yaiku paraga kang nduweni watak kang ala, saengga ora disenengi penonton.
  • Tokoh Protagonis : yaiku paraga kang nduweni watak kang apik lan disenengi penonton.
  • Tokoh Tritagonis : Yaiku paraga kang bisa dadi kancane tokoh protagonis utawa antagonis, bisa duweni watak kang apik utawa ala (penengah).

5. Amanat

Amanat yaiku pesen moral kang disampekake penulis naskah drama kanggo para penonton.

6. Latar Utawa Setting

Latar utawa setting diperangake dadi telu, yaiku latar wektu, latar panggonan, lan latar swasana.
  • Latar wektu : yaiku wektu kang digambarake nalika paraga paraga ngalami kedadean kedadeyan ing panggung.
  • Latar panggonan : Yaiku panggonan kang digambarake ing panggung saben babake.
  • Latar swasana : Latar swasana di perangake dadi loro yaiku :

    - Swasana alam : kedadean ing sekitar paraga, tuladhane : udan gerimis , swara jangkrik lagi ngerik (bengi)

    - Swasana ati : apa bae kang dirasakake paraga, tuladha : murka, nesu, was was, seneng.
  •  tuladha :
    Iwan :      “Dona, aku njaluk jawaban soal nomor  lima (5) lan enem (6).
    Dona :         “C karo B”
    Serli :         “yen soal nomor  telulas (13), limalas (15) lan telulikur (23) jawabane apa Wan gonamu?
    Iwan :      “telulas jawabane C, limalas A, yen nomer telulikur ayu ya durung bisa njawab Ser”
    Andi :          “Huss, ojo seru-seru ngko bu guru mireng”
    Serli :         “lha soale angel kabeh, isih akeh soal sing durung bisa tak jawab”
    Iwan :      “Bim, kowe wis rampung?”
    Bima :        “durung sih Wan, tapi kurang telung soal tok”
    Iwan :      “Aku kandani jawaban nomer 23 ketuk 25 Bim”.
    Bima :        “Walah Wan rausah ya, emoh ngandani aku”
    Iwan :      “Lha emange nopo Bim? Kanca we kowe ki ra gelem kandan-kandanan”
    Dona :         “Iya Bim, kowe ki ra nggaya suk raoleh nyonto ne kancane lho”
    Andi :          “Iya, kowe kan sing paling pinter sak kelas Bim mbok pisan-pisan ngandani kancane”
    Bima :        “Iya sih, tapi ya ura turun-turunan ngeneki carane”
    Serli :         “Lha napa j Bim? Mug telung soal we!”
    Bima :        “Ah kanggo aku nyonto apa sing wenehi turunan pada-pada le ora bener, dosane pada. Aku ora turun-turunan merga wedi dusa,  sory y my best prend”.
    Serli       :        “Tapi iki soale angel tenan Bim, raisa nggarap aku blas ra ndue gambaran jawabane”
    Dona :         “Mbok ewangi Bim pisan-pisan kowe ki ro kanca we ngunu”
    Bima :        “Emoh ya emoh”
    Andi :          “yawis. Urusen awakmu dewe Bim.” (Nesu)
    Iwan :      “wis, kita ndelok buku wae yuh”
     an banjur ngetokake buku saka tas e dewek e kanthi meneng-meneng supaya ora diconangi ibu guru banjur ndelok rumus kang ana ing buku iku. Sawise kui banjur Serli nakoke jawabane marang Iwan.
    Serli  :         “Piye wan? Ana apa ora?
    Iwan :      “ana, rungoke ya telulikur (23) A, patlikur (24) C, selawe (A)”
    Ananging apes temen ki bocah-bocah bandel, merga suwarane Iwan sing buanter Ibu guru mireng apa sing pada digunemke mau. 
    Bu Guru :      “Cah papat iki, gaweane turun-turunan wae. Metu seka kelas tinggal garapanmu kabeh”
    Merga keconangan turun-turunan siswa cacah papat (4) dihukum supaya ninggalake kelas lan ora oleh melu ulangan kesebut.
     
     
  Artikel ini diambil dari LKS bahasa Jawa kelas 9 MGMP malang

iklan dalam bahsa jawa

iklan ing basa jawa yaiku wara-wara kang nggunaake media elektronik misale radio, TV, lan liya-liyane
fungsi iklan sajroning pemasaran yaiku kanggo jumurung nguwatake marang konsumen utawa masyarakat supaya kepincut marang produk kang ditawakake mau.
tuladha:

   



aksara jawa

(Huruf Jawa 1)
(Huruf Jawa 2)
(Huruf Jawa 3)
(Huruf Jawa 4)
(Huruf Jawa 5)

fonologi bahasa jawa

Pert.1
Fon : suara alat ucap manusia
Logi : ilmu
Pert.2
Fonologi menika ilmu inkang nyinauni babagan suanten.
Fonologi wonten 2 cabang ilmu :
1.Fonetik : Ngelmu babgan suanten basa ingkang mboten mbedaaken makna.
Tuladha : bapak, angin, klambi, sapi.
2.Fonemik : Ngelmu babagan suanten basa ingkang mbedakaken makna.
Thuladha : loro (2), lara (sakit).
Fonetik dipun bagi mali dados 3 :
1.Akustik : ngelmu ingkang nyinauni babagan gelombang suanten lan kados pundi gelombang suanten menika dipun pireng dening menungsa lan biasane sesambungan babgan ilmu fisika lan sifat suanten miturut fisika.
2.Auditorik : ngelmu ingkang nyinauni babagan suanten saged di tampi utawi dipun pireng dening menungsa lan dipun olah ing saklebete otak.
3.Artikulatoris : ngelmu ingkang nyinauni babagan perrangane awak ingkang dipun ginaaken kagem ngasilaken suanten basa.Ugi kados pundi suanten dipun asilaken saking alat ucap manungsa.
– Tuladhane auditoris : suanten ketokan.
Alofon : fariasi dari sebuah fonem yang tidak dapat membedakan makna, cth : i jejeg dan i miring.
Fonem : bunyi bahasa yang mandiri yang mampu membedakan makna.
Pert.3
1.Fonologi : bidang linguistik ingkang nyelidiki suanten basa mturut ginanipun.
2.Bunyi bilabial : bunyi eb (bunyi bibir yang menyatu)
Fonemik dipun bagi dados 3 :
1)Fonem : suanten bahasa ingkang mandiri lan saged mbedaaken makna.
2)Alofon : fariasi saking fonem dan mboten ngadhahi kemampuan kagem mbedaaken makna.
• Bunyi bahasa : bunyi yang dihasilkan oleh alat ucap manusia.
Tuladha fonem : bunyi vokal : a i u e o, bunyi konsonan : b, t, d, bunyi sengau : ng, n, ny, m.
I jejek = i
I miring = e
Thuladha alofon : i = i dan e
kendhang : alat musik (pepet)
kendhang : terhanyut (taling)
Klasifikasi Bunyi Bahasa.
1.Vokal, konsonan, semi vokal
– Vokal : suanten ingkang kabentuk mbten aggadhahi hambatan teng alat artikulasi.
– Konsonan : suanten ingkang di produksi wonten hambtan suanten teng sebagian alat wicara dados menika wnten artikulasi.
– semi vokal : bunyi yang secara praktis termasuk konsonan tapi karena pada waktu diartikulasikan belum membentuk konsonan murni, maka bunyi2 itu di sebut semi vokl-semi konsonan
.
2. Nasal dan oral
– nasal : bunyi yang terjadi apabila udara keluar atau di sertai keluarnya udara melalui rongga hidung dengan cara menurunkan langit2 lunak beserta ujung tekaknya.
– oral : bunyi yang terjadi karena langit2 lunak beserta ujung anak tekak menaik menutupi rongga hidung sehingga udara hanya melalui mulut saja.
3. Keras dan lunak.
– Keras (fortas) : waktu diartikulasikan disertai ketegangan kekuatan arus udara.
– Lunak (lenes) : jika tidak disertai ketagangan dan kekuatan.
4. Panjang dan Pendek.
– Panjang : berdasarkan pada lamanya bunyi itu di hasilkan.
– Pendek : di dasarkan pada pendeknya bunyi.
5. Rangkap dan Tunggal.
– Rangkap (diftong) : bunyi yang tediri dari 2 bunyi dalam satu kata.
– Tunggal : bunyi yang terdiri 1 bunyi saja.
6. Bunyi nyaring dan unyi tidak nyaring.
– bunyi nyaring : didasarkan derajat kenyaringannya,
– bunyi tidak nyaring : derajat kenyaringan itu sendir di tentukan oleh luas sempitnya atau besar kecilnya ruang resonansi pada bunyi itu di ucapkan.
– makin luas ruang resonansi saluran bicara yang di pakai pada waktu membentuk bunyi bahasa makin tinggi derajat.
7. Bunyi dengan arus udara egresif dan igresif,
1, Egresif : bunyi yang di lakukan dnegan arus udara keluar dari paru2 arus udara arah arus.
Udara egresif dibagi 2 :
– fulmonik : terbentuk dengsn arus udara keluar dengan mekanisme pulmonik (mengembang dan mengempis oaru2).
– glutolik : terbentuk dengan arus udara egresif (keluar) dengan mekanisme glutolik.
2, igresif : bunyi yang terbentuk dengan arah masuk kedalam paru2.
Igresif di bagi 2 :
– glatolik : terbentuk dengan arus udara igresif masuk dengan mekanisme glotik.
– velarik : terbentuk degan arus igresif masuk dengan mekanisme velarik.
Pert 4
Tata bahasa : di awali dari kata dan bunyi yang masih bersifat abstrak walaupun ada bunyi yang mempunyai makna.
Fluktuasi : naik turunnya bunyi/ketidak stabilan bunyi.
Pert 5
Ada 4 faktor yang mempengaruhi proses terjadinya bentuk vokal :
1. Berdasarkan tinggi rendahnya lidah :
– vokal tinggi : ketika lidah berada di letak tertinggi cth : bunyi [i,u]
– vokal madya : ketika lidah berada di letak tegah cth :bunyi [e, ԑ, ǝ, Ɔ]
– vokal rendah : ketika lidah berada di letak terbawah, cth bunyi [a, ɑ]
2. Berdasarkan bagian lidah yang bergerak :
– Vokal Depan, vokal yang dihasilkan oleh peranan lidah turun naiknya bagian depan: [i,e,ԑ,a]
– Vokal Tengah, vokal yang dihasilkan oleh perana gerakan lidah bagian tengah: [ǝ]
– Vokal Belakang, vokal yang dihasilkan oleh gerakan peranan lidah bagian belakang: [u, o, Ɔ, ɑ]
3. Berdasarkan hubungan posisional antara artikulator aktif dan artikulator pasif :
– Vokal Tertutup, lidah diangkat setinggi mungkin mendekati langit- langit.:[i, u]
– Vokal Semi-tertutup, lidah diangkat sepertiga dari vokal tertutup.: [e, o]
– Vokal Semi-terbuka, lidah diangkat dua pertiga vokal tertutup.: [ԑ, Ɔ]
– Vokal Terbuka, posisi lidah serendah mungkin, menjauhi lagit- langit,: [a, ɑ]
4. Berdasarkan bentuk bibir pada waktu vokal itu di ucapkan :
– Bentuk bibir, terbuka bulat. [ǝ]
– Bentuk bibir, tertutup bulat. [o, u]
– Bentuk bibir, netral, [ɑ]
– Bentuk bibir, tak bulat [i, e, ǝ, ԑ, a]
Pert 6
Ada 4 faktor yang memepengaruhi proses terbentuknya vokal konsosnan :
1. Cara hambatan : terjadi hambatan ketika vokal itu di ucapkan, cth bunyi (P=ep), dan bunyi (B=beh) bunyi beh di sebut juga bunyi eksposif atau bunyi letupan.
2. Tempat hambatan : bibir (labial), dental (gigi), langit-langit keras (palatal), langit-langit lunak (velar), gusi (alveolar), ujung lidah (apiko), tengah lidah (medio), pangkal lidah (dorso).
3. Struktur : hubungan antara posisional bunyi arikulator aktif dan artikulator pasif (kuat atau tidaknya)
– Apabila menempel antar artikulatornya disebut kuat, cth : ujung lidah dengan langit keras disebut apiko palatal dan menghasilkan bunyi (t) , (r)
Pert 7
1. Fonem vokal : bnyi bahasa yang mandiri yang mampu membedakan makna dan proses terjadinya tidak mengalami hambatan dan keluar dari alat ucap manusia.cth : bunyi [a, i, u, e, o, Ɔ]
– vokal i : bahasa jawa mempunyai 2 alofon yaitu [i] dan [I], yang dalam linguistik bahasa jawa di sebut i jejeg dan i miring,
– vokal e : bahasa jawa mempunyai 2 alofon yaitu [e] dan [ԑ]. Dalam bahasa jawa sering di sebut e miring dan e jejeg.
– vokal ǝ : dalam bahasa jawa bukan merupakan alofon fonem /e/ melainkan merupakan fonem tersendiri karena kedua bunyi itu dalam bahasa jawa dapat membedakan makna.
– vokal a : dalam linguistik jawa vokal a lazim disebut a miring.
– vokal Ɔ : dalam bahasa jawa bukan merupakan alofon vokal o melainkan merupakan vokal tersendiri karena kedua bunyi tersebut mampu membedakan makna.
– vokal o : dalam tata bahasa jawa lazim di sebut o jejeg,
– vokal u : dalam bahasa jawa mempunyai dua alofon, yaitu [u miring] dan u jejeg].
Pert 8
– Fonem konsonan
Konsonan merupakan bunyi yang timbul akibat udara yang keluar dari paru-paru melalui rongga mulut atau rongga hidung.
– bunyi bilabial : bunyi bahasa yang di hasilkan oleh kedua bibir,
– bunyi : dental/alveolar : bunyi baahasa yang di hasilkan oleh daun lidah yang menempel gigi/gusi depan atas bagian dalam
– bunyi retrofleks : bunyi yang di hasilkan oleh pelepasan ujung lidah bagian bawah yang menempel langit-langit keras karena hembusan udara dari paru-paru.
– bunyi palatal : bunyi yang di hasilkan oleh pelepasan daun lidah yang menempel pada langit-langit keras yang disertai hembusan udara dari paru-paru.
– bunyi velar : bunyi yang di hasilkan oleh rongga tenggorokan.
– bunyi glotal : bunyi gambat yang di sebabkan oleh suara [k] atau [h]
Pert 9
– Konsonan homograf : konsonan yang berasal dari satu daerah artikulasi cth : [b]dan [p], [f]dan [v],
– Fungsi konsonan homograf di gunakan untuk mengidentifikasi suatu fonem.
– Ada konsonan yang tempat artikulasinya pada tempat yang sama.
– proses terjadi artikulasinya sama.
Klasifikasi konsonan :
1. Konsonan Hambat Letup terjadi dengan menghambat penuh arus udara , kemudian hambatan itu dilepaskan secara tiba-tiba strikturnya rapat kemudian dilepaskan tiba-tiba.
a) Hambat letup bilabial, artikulator aktifnya adalah bibir bawah, artikulator pasifnya bibir atas. :[p,b] {pipa, bapak}
b) Hambat letup apiko-dental, artikulator aktifnya ujung lidah, artikulator pasifnya gigi atas. :[t.d] {tawa, dawa}
c) Hambat letup apiko-palatal, artikuloator aktifnya ujung lidah, artikulator pasifnya langit-langit keras, [ṭ,ḍ] {thukul, dhateng}
d) Hambat letup medio-palatal, artikulator aktifnya tengah lidah, artikulator pasifnya langit-langit keras. [c,j] {cara, jala}
e) Hambat letup dorso-velar, artikulator aktifnya pangkal lidah, artikulator pasifnya langit-langit lunak. [k,g] {kula, gula}
2. Konsonan Nasal adalah konsonan yang dibentuk dengan menghambat rapatjalan udara dari paru-paru melalui rongga mulut,jadi strikturnya rapat.
1.Konsonan nasal bilabial, artikulator aktifnya bibir bawah, artikulator pasifnya bibir atas. [m] {mateng}
2.Konsonan nasal apiko-alveolar, artikulator aktifnya ujung lidah, artikulator pasifnya gusi. [n] {nagka}
3.Konsonan nasal medio-palatal, artikulator aktifnya tengah lidah, artikulator pasifnya langit- langit keras. [ῆ] {nyata}
4.Konsonan nasal dorso-velar, artikulator aktifnya pangkal lidah, artikulator pasifnya langit- langit lunak. [ɳ] {ngono}
3. Konsonan Sampingan dibentuk dengan menutup arus udara di tengah rongga mulut sehingga udara keluar melalui kedua samping saja, strikturnya renggang lebar dan tempat artikulasinga ujung lidah dengan gusi. [l] {Lali}
4. Konsonan Geseran ialah konsonan yang dibentuk dengan menyempikan jalannya arus udara yang dihembuskan dari paru-paru, sehingga jalannya udara terhalang dan keluar dengan bergeser.
5.Konsonan geseran labio-dental, artikulator aktifnya bibir bawah, artikulator pasifnya gigi atas. [f.v] {foto}
6.Konsonan geseran lamino- alveolar, artikulator aktifnya daun lidah, artikulator pasifnya gusi. [s,z] {sinten, zakat}
7.Konsonan geseran dorso- velar, artikulator aktifnya pangkal lidah, artikulator pasifnya langit-langit lunak. [x] {khutbah}
8.Konsonan geseran laringal, artikulatornya adalah sepasang pita suara. Udara dari paru-paru melalui glotis digeserkan. [h] {hawa}
9. Konsonan Getar dibentuk dengan menghambat jalannya arus udara yang dihembuskan dari paru-paru secara berulang- ulang dengan cepat. Strikturnya rapat renggang.
9.Konsonan getar apiko- alveolar terjadi jika artikulator aktifnya menyebabkan proses menggetar yaitu ujung lidah dan artikulator pasifnya gusi. [r] {rada}
2.Semi-vokal, dalam pengucapannya dengan renggang terbentang dan renggang lebar.
1.Semi-vokal labio dental, artikulator aktifnya bibir bawah dan artikulator pasifnya bibr atas. [w] {watu}
2.Semi-vokal medio-palatal, artikulator aktifnya tengah lidah, artikulator pasifnya langit-langit keras. [y] {yen}
Pert 10
– Fonem khas Bahasa jawa : mempunyai fonem khas berupa bunyi aspirat dan bunyi pranasal.
– Bunyi aspirat : bunyi hambat bersuara dan tak bersuara, yaitu bunyi frikatif glotal tak bersuara atau bunyi [h] cth : bisa = bhisa ( terdapat huruf [h] yang tak tertulis tapi dalam pengucapannya terdengar ada huruf [h].
– Bunyi pranasal : bunyi nasal yang selalu mendahului suatu kata ketika kata tersebut di ucapkan.
Pranasal tidak merubah jenis dan maka kata, jika mengubah jenis dan makna kata nasal yang di duga pranasal itu kemungkinan bukan merupakan pranasal hanya merupakan afiks nasal.cth : pada kata Demak (nama sebuah kota) biasa di sebutkan dengan [n]Demak.
Pert 11
Difong dan monoftong.
Diftong : vokal ragkapderet 2 fonem vokal yang berbeda dan merupakan satu kesatuan yang tidak dapat di pisahkan, diftong selalu berada pada satu suku kata dan tidak bisa melampaui batas suku kata, cth : dana-u, da-na-u, dan pula-u, pu-la-u.
Monoftong : vokal tunggal,
Cth : abuh = sering di ucapkan oabuh yang artinya bengkak sekali,
Apik = sering di ucapkan oapik yang artinya baik sekali.
Pert 12
– Gugus Konsonan (Klaster) : dua konsonan yang berdampingan pada satu suku kata.
– Vokal rangkap di sebut diftong sedangkan konsonan yang rangkap di sebut klaster.
Cth : [bl] = blarak, blesek, blirik.
[tr] = tritis, trenyuh, trabas.
[br] = brutu, brayat, bribik.
[cl] = clathu, clemek, clamit.
Pert 13
Urutan fonem dalam suku kata bahasa jawa atau kaidah fonotatik bahasa jawa ialah V,VK, KV, KVK,KKV, dan KKVK, Namun urutan yangpaling alamiah ialah KV.
– V = iki (i-ki), edan (e-dan), aku (a-ku), emas (e-mas)
– VK = imbang (im-bang), ombak (om-bak)
– KV = dina (di-na), kena (ke-na), barang (ba-rang0, kula (ku-la).
– KVK = gombal (gom-bal), tumbal (tum-bal).
– KKV = blarak (bla-rak), blero (ble-ro)
– KKVK = blimbing (blim-bing), prentah ( pren-tah)
Cth : MBETHOTHONG (mbe=pranasal), (tho= apiko palatal), (ng = nasal).
– Apabila nasal bertemu dengan kata dasar dan tidak merubah kelas dan makna kata di sebut sebagai pranasal, cth : demak- ndemak.
– Apabila nasal bertemu dengan kata dasar dan mengubah kelas dan makna kata di sebut sebagai ater-ater. Cth : sapu – nyapu.
– Apabila pranasal huruf awal atau bunyi nasal tidak di tuis, hanya cara pembacaannya saja

pengucapan bahasa jawa

Dalam Basa Jawa secara tekstual, terdapat unsur konsonan yang hanya terbatas pada 20 huruf sesuai dalam aksara jawa.













         Aksara Jawa

Tetapi seiring perkembangan budaya, seperti masuknya budaya asing, menyebabkan aksara jawa mengalami penyesuaian sehingga dapat digunakan dalam berbagai tuntutan lafal konsonan dari berbagai kata.
Dapat kita lihat dalam Aksara Jawa di atas,
ada dua kali penulisan konsonan "d" yaitu pada "da" dan "dha", hal ini dikarenakan, pengucapan dua suku kata tersebut berbeda..
- "dha" dibaca seperti 'd' pada kata 'dadu', sedangkan 
-  "da" dibaca seperti 'd' pada kata 'adzan'
ada juga dua kali penulisan konsonan "t" yaitu pada "ta" dan "tha", dengan cara baca
- "ta" dibaca seperti 't' pada kata 'tata', dan
- "tha" dibaca seperti 't' yang diucapkan dengan logat Bali, (maaf, saya belum menemukan kata dalam bahasa Indonesia yang menggunakan 't' seperti pada pengucapan "tha" di bahasa jawa ini)

Sedangkan pada unsur vokal, terdapat perbedaan dengan bahasa Indonesia. Coba kita lihat..
a   :  cencang [dibaca 'cencang' seperti pada kata 'kentang'], bermakna : ikat, mengikat
i    :  mari [dibaca 'mari' seperti pada kata 'dari'], bermakna : sembuh
u   :  tatu [dibaca 'tatu' seperti pada kata 'dadu'] bermakna : luka
e, untuk vokal e, terdapat 3 cara baca yang berbeda
- e  ketan [dibaca 'ketan' dengan 'e' seperti pada kata 'pekat'], bermakna : beras ketan
- é   :  étan [dibaca 'étan' dengan 'e' seperti pada kata 'tempe'], bermakna : timur
- è   :  mèpèt [dibaca 'mèpèt' dengan 'e' seperti pada kata 'paten'], bermakna : merapat
o   :  tepo [dibaca 'tepo' seperti pada kata 'kempo'] bermakna : makanan seperti lontong dengan bentuk limas atau segi empat.
Dan perlu menjadi catatan adalah pada sebagian besar kata yang digunakan dalam Basa Jawa, menggunakan huruf vokal 'a' tapi, dalam pengucapannya menjadi 'o' seperti 'o' pada kata 'kosong'.
contoh kata yang menggunakan pola tersebut adalah,
Basa : yang dibaca Boso, bermakna 'bahasa'
Baya : yang dibaca Boyo, bermakna 'buaya'
Lara  : yang dibaca Loro, bermakna 'sakit'
Saka : yang dibaca Soko, bermakna 'dari'
Kula : yang dibaca Kulo, bermakna 'saya' dalam bentuk sopan
dan bahkan ada kata yang mengandung beberapa huruf vokal 'a' yang sama tetapi memiliki pengucapan yang berbeda, misal contohnya
Aksara : yang dibaca Aksoro, bermakna 'huruf/tulisan'
dan masih banyak kata lain yang menggunakan pola tersebut.

 

PARIKAN

yaiku tetembungan utawa unen unen kang ajegpanganggonane sing duwe pathokan utawa paugeran kang gumathok.
ancase rembugan kanthi migunakake parikan yaiku:
1. kanggo nambahi mges-e wong guneman
2.bisa narika kawigatan sing diajak guneman
3.kanggo menehi pitutur marang wong sing diajak guneman

wewatone gawe parikan
a.cacahing wanda ukara sapisan kudu padha karo ukara pidhato
b.ukara kang ngarep minangka bebuka dene ukara kang mburi surasa
c.tibanuning swara
d.saben larik kedadeyan saka 4 wanda utawa 8-2 wanda
e.parikan nduweni karep piwulang utawa lelucon

jinise parikan
1. padinan
2.lamba
3.rangkep
wangasalan yaiku unen unen kang memper cangkriman kang batangan utawa wangsulane wis di kandhakake nanging ora melok utawa amung sinandhi.
tuladha:ngrokok cendak senenge neges-neges ngendikane wong tuwo

WACANA

yaiku mujudaken rekaman kabahasan kang utuh saka sawijining prastawa komunikasi mau bisa awujud lisan utawa tulis.
pola pangembangan
ukara baku lan ukara penerang kang ana ing sajroning paragraf diperang dadi loro yaiku
1.deduktif
2.induktif

miturut jinise wacana bisa diprang dadi lima yaiku
1. narasi
2. deskripsi
3. eksposisi
4. argumentasi
5.persuasi

tuladha wacana narasi
mapag warsa enggalhijrah1426,paguyuban sutresno kabudayan jawi cakradiningrat jetis ngayogyakarta nggelar tirakatan kanthi macapatan

katrangan utawa wara-wara

wara wara bahasa indonesia tegese pengumuman.wara wara di woco woro woro .yaiku pawarta wigati sing kudu digiyarake ing sangarepe wong akeh supaya padha ngerti.
jinise woro woro ana loro yaiku:
1.wara wara resmi
   ciri-cirine
a.nganggo kepala surat ked
b. ana nomer wara wara
c. basa sing diguankke basa sing ringkes,jelaslan resmi
d.ana tapak asma utawa stempelsaa sing gawe wara
2. wara wara ora resmi
    ciri-cirine
a. ora nganggo kepala surat
b.ora ana nomer wara wara
c.basa ora resmi
 bab sing judu dingerteni sedurunge gawe wara wara
1.mnemtoake topik
2.nemtokake tujuan
3.nemtokake isi utawa pokok-pokoke
4.nemtokake kanggo sapa wara wara iku
5. nemtokake basa sing sing cocog

perangane wara wara
1.adangiyah : salam pembuka
2.pembuka : pembuka
3.suarasa basa : isi
4.wasana basa : panutup
5.titi mangasa : wektu
6.peprenahan : mretelake peprahane kang gawe wara wara
7.asma ; kang gawe wara wara

Paribasan

- Ana catur mungkur
  tegese ora ngrungokkake omongane utawa guneman sing ala
-desa mawa cara,negara mawa tata
 tegese saben panggonan duwe cara dewe-dewe
-rukun agawe santosa,crah agawe bubrah
 tegese rukun bisa dadi kuwat,kan cecongkrahan njalari ringkih

Ukara Lamba Lan Ukara Camboran

a. ukara lamba yaiku ukara sing medharake gagasan sakbab utawa sakpangerten
b. ukara camboran yaiku ukara sing medharake gagasan luwih saka sakbab utawa sakpangerten
tuladha:
1. baru klinthing nyuwun nedha banjur diparingi marang mbok randha
2. bocah bajang nancepke sada,warga padha mbedhol sada
ukara camboran ana sing mawa twmbung panggandheng lan ana uga sing ora mawa tembung panggandheng
tuladha:
1. desane dielebi banyu banjur wong wong padha kebanjiran
2. manut kaanan mangkono,wong wong padha ngungsi

Dasanama

dasanama kalebu tembung wilangan kan ateges : sepuluh(eka lsp).Nama ateges : aran utawa jeneng
Dasanama yaiku jeneng nganti sepuluh akehe,darbake wong siji.utawa wong siji darbe jeneng sepuluh.
tumrap kawruh kasusastraan tembung dasanam ora mung tumprap jeneng wong uga tumrap tembung akeh.
tuladha:
1. kawentar,kondhang,kaloka,elok,kaonang-onang,kongas,kasura,kombul,kajuwara,kajanapriya.kabeh tegese"misuwur".senajan ora trep sepuluh,kurang utawa luwih uga diarani"daanama"

tembung kawi

tembung kawi yaiku tetembungan kang cak-cakane winates ana ing basa endah,umpamane kanggo ing kesenian wayang,kethoprak,lan acara liyane kang gegayutan karo adat kejawen.
tuladha : Siji = eka
              loro = dwi
              telu = tri
              papat = catur
              lima = panca
              enem = sad
             pitu = sapta
             wolu = hasta
             sanga = nawa
             sepuluh = dasa

Jumat, 08 Januari 2016

kawaruh basa tembung

A. Tembung Lingga
     yaiku sekabehing tembung kang durung owah saka asale
     tuladha : sapu,cukur,gambar,tulis,sate

B.Tembung Andhahan
    yaiku sekabehing tembung kang wis owah saka asale amerga oleh ater-ater seselan lan penambang
   ater-ater yaiku wuwuhan kang dumunung sangarepe tembung lingga
ater-ater anuswara ; am/m,an/n,ang/ng,any/ny
ater-ater tripursa : tak,dak,kok,di
ater-ater lityane ; a,ka,ana,ke,sa,

seselan yaiku wuwuhan kang dumunung setengahe tembung lingga
tuladha ; m,in,e

panambang yaiku wuwuhan kang dumunung saburine tembung lingga
tuladha : al,isme

C. Tembung Tanduk
     yaiku sekabehing tembung kang mretelakake tumindak
D.Tembung Tanggap
    yaiku sakabehing tembung lingga kang ole ater-ater tripurusa lan seselan.

Arane godhong

godhong aren : dliring
godhong asem ; sinom
godhong kates : ganpleng
godhong jati : jompong
godhong mlinjo ; so
godhong krambil tuwo ; blarak
godhong randu ; baladewa
godhong pari ; damen
godhong kluwih ; kleyang
godhong jarak ; bledheg

Arane Wit

wit aren : ruyung
wit gedhang : debog
wit jati enom : jangglengan
wit jagung ; tebon
wit mlinjo ; bego
wit pari ; damen
wit kacang : rendeng
wit pohung ; bonggol
wit pring tuwo ; bungkilan
wit pring enom : bung
wit telo : lung

Arane Kembang

kembang aren : dangu
kembang blutru : montro
kembang duren ; dlongop
kembang timun : montro
kembang tales : pancal
kembang tebu ; gleges
kembang salak : ketheker
kembang pring : krosak
kembvang mlinjo ; kroto
kembang lombok ; menik
kembang lamtara : jedhidhing
kemvang krokot ; naknik
kembang kelor : limaran
kembang kanthil : gadhing
kembang gori ; angkup
kembang jati : janggleng
kembvang cengkeh ; polong

Arane Woh

-woh aren; kolang-kaling
-woh jati: janggleng
-woh cengkeh: polong
-woh turi: klentang
-woh kluwak: pocung
-woh uwi; katak
woh klanthil: gandhel

arane penthil

-godhong tales; lumbu
-godhong turi; pethuk
-godhong tebu tales: momol
-godhong walu: lomah-lameh
-godhong siwalan: lontar

arane anak kewan

-anak ayam : kuthuk
-anak asu; kirik
-anak bebek: meri
-anak cecak: sawiyah
-aanak gajah: bledug
-anak coro: mendhet
-anak wedhus: cempe
-anak jaran: belo
-anak kethek: munyuk
-anak macan: gogor
-anak kucing: cemeng
anak sapi: pedhet
-anak menthok; minthi

swarane kewan

-swarane asu: mbaung,jenguk
-swarane bebek: kwek-kwek
-sawarane banyak: patingkrengah
-swarane kucing: meong
-swarane wedus: ngembek
-swarane kodok: ngorek
-swarane jangkrik; ngerik dll

purwakanthi

Purwakanthi memper tegese karo sajak utawa rima. Sabenere, jinis lan jenenging purwakanthi uga ora akeh, yaiku: purwakanthi guru swara, manawa kang runtut swarane (lumrahe swara aksara menga/vokal); purwakanthi guru sastra, manawa kang runtut aksarane; purwakanthi guru basa lan purwakanthi lumaksita.
tuladha: 
A.Purwakanthi swara
Purwakanthi swara yaiku unen-unen kang runtut swarane (vokal) Tuladha:
  • Gemi setiti ngati-ati
  • Bungah susah iku lumrah
  • Desa mawa cara negara mawa tata
  • Aku lara paling para
B.Purwakanthi sastra
Purwakanthi sastra yaiku unen-unen kang runtut sastrane (kongsonan) Tuladha :
  • Tata titi Tatas titis
  • Cecer cicir cewet
  • Kala kula kelas kalih kula kulak kalo
C.Purwakanthi basa/lumaksita
Purwakanthi basa/lumaksita yaiku unen-unen kang kadhapuk saka rong gatra. Pungkasane gatra kapisan, dadi wiwitane gatra kapindho. Thuladha :
  • Jarwa pinter, pintere satriya ing pringgondani
  • Bayem arda, ardane ngrusak busana
  • Kolik priya, priyagung anjani putra
4. Purwakanthi lumaksita
·         Urip iki ora angel,
·         angele sok ginawe dhewe,
·         dheweke tan ngrasa bisa,
·         bisane mung nyadhong dhawuh,
·         dhawuhe Kang Murba Amasesa.
·         Ngelmu iku luwih pangaji,
·         ajine datanpa tandhing,
·         tandhingna bandha lan arta,
·         arta iku gampang sirna,
·         sirnane tan petung wektu,
·         wektune ilang saben mangsa,
·         mangsa iku gunakna ngupadi ngelmu.
5. Kajaba iku uga bisa migunakake istilah: purwakanthi purwawanda, purwakanthi madyawanda, wasanawanda, purwagatra, wasanagatra, lan sapanunggalane.
 

kerata basa

Kereta basa utawa jarwa dhosok yaiku negesi tembung kapirid saka wancahan wandane, utawa nguthak-athik tembunge supaya mathuk.
tuladha: 
 anak : kabeh kekarepane kudu ana lan sarwa kepenak
bapak : bab apa-apa sarwa pepak (ngelmune lan pengalamane)
batur : ngembati (nindakake) pitutur
bocah : mangane kaya kebo, pegaweane ora kena dicacah
brekat : apa-apa brak-brek banjur diangkat
cangkir : nyancang pikir
cengkir : kencenging pikir
Desember : gedhe-gedhene sumber
dongeng : dipaido ya keneng (kenging)
garwa : sigarane nyawa
gedhang : digedeng yen bar madhang
gelas : yen tugel ora kena dilas
gerang : segere wis arang-arang
guru : digugu lan ditiru
Januari : hujan sehari-hari
jaka : apa sing dikarepake kepengin enggal tumeka
kaji : tekade mung siji
kathok : diangkat mbaka sitok
kodhok : teka-teka ndhodhok
kutang : sikute diutang
krikil : keri ing sikil
kuping : kaku tur njepiping
kupluk : kaku tur nyempluk
kursi : mungkur anggone ngisi
mantu : dieman-eman meksa metu
maratuwa : mara-mara bereng wis tuwa
piring : sepi yen miring
prawan : yen pepara(lunga) ing wayah awan
sepuh : sebdane ampuh
semah : isen-isenne umah
sirah : isine rah (getih)
siti : isi bulu bekti
sopir : yen ngaso padha mampir
sruwal : saru yen nganti uwal ( ucul)
tandur : olehe nata karo mundur
tapa : tatane kaya wong papa (ora duwe apa-apa)
tarub : ditata supaya katon murub
tebu : anteping kalbu
tuwa : ngenteni metune nyawa
wanita : wani ditata
wedang : ngawe-awe kadang
weteng : ruwet tur peteng

macam-macam gamelan

1.ketipung
2.kendhang
3.saron penerus
4.saron barung
5.gambang
6.gender barung
7. gender penerus
8. suling
9.kempul
10.gong
11.siyem
12.kenong
13.rebab
14.kempyang

macam-macam punakawan

1. Semar
2. Gareng
3. Petruk
4. Bagong

geguritan basa jawa



1.      Kangen Sliramu
Tak sawang sawang laut biru
Seger rasa ning atiku
Mbayang mbayangke sliramu
Nek ngguyu gawe rasa kangenku
Awan mbengi dadi kepikiran
Sak suwene dewe ora ketemu
Rasa ning njero atiku angel diilangke
Merga ….
Kangenku iki mung kangen karo kowe
Mung kangen kanggo kowe
Opo kowe njur ngrasakke opo sing tak rasakke
Opo kowe yo kangen opo sing tak kangeni
Duh..kang mas
Sak tenane aku kangen sliramu
Saben dina mung bisa nyawang fotomu
Nanging….
Rasa kangenku iki ora bisa di apusi
Kangenku iki mung bisa di obati
Yen dewe  langsung ketemu