Paugerane geguritan:
1. Ora kaiket wewaton guru gatra, guru wilangan, lan guru lagu.
2. Luwih ngutamakake babagan isine kang mentes, apik, endah, lan uga becik.
3. Kanggo nambah kaendahan basa nggunakake purwakanthi sawetra bae.
4. Isi pitutur, piweling, kritik, protes, sindiran, pangresah, pamundhut, lan sapanunggalane.
Langkah Langkah kanggo mahami sawijining geguritan:
1. Wacanen geguritan kanthi permati, yen perlu dibolan baleni.
2. Gatekna hubungan larik ukara, banjur wewehana tandha kanggo munggel
(jeda), upamane punggel sauntara wewehana tandha (/) lan kanggo sigeg
wewehana tanda (//).
3. Golekna teges tembung tembung kang kok anggep angel, kanthi terus
dieling eling, menawa tembung tembung sajarone geguritan bisa duwe teges
lugu, entar, bisa uga lambang utawa gegambaran.
4. Perlu digatekaku menawa saben karangan mesthi duwe pesen utawa amanat kang kepingin disampekake marang pamaca.
5. Tambahana tembung utawa wanda saengga ukarane dadi sedherhana lan gampang dimangerteni.
Sawijining geguritan duwe struktur batin utawa hakekat sing dumadi saka:
tema, suasana, nada lan amanat, kang mujudake jiwaning geguritan kang
ora bisa dipisahake.
tuladaha :
Raden Ajeng Kartini
Nalika Iku, wanita den watesi.
Ora kena iki, ora kena iku.
denwatesi anggone lumaku.
bebasan kinunjara, tanpa tumindak dosa
Samubarang solahe diatur.
Kanthi pawadan drajat luwih asor, kudu manut mring sakabehing dawuh.
Ora kena sulaya, apa maneh dhuwa.
Nganti tumeka titiwanci
Jumedhule sawijining putri
Nggawa owah-owahan kang pinuji
ngangkat drajate wanita nganti bisa padha
ora beda kaya drajating priya
raden ajeng Kartini asmamu arum ngganda wangi
kanthi tulusing ati
kula ngaturaken matur nuwun ingkang tanpa upami.
Dari Geguritan berjudul Raden Ajeng Kartini tersebut
dikirim oleh saudara Nurgud pada tanggal 21 Arpil 2015 pada pukul 18.00
WIB kemudian saya posting pada jam ini (jam 19.00 WIB).
Tidak ada komentar:
Posting Komentar