Jumat, 08 Januari 2016

geguritan basa jawa



1.      Kangen Sliramu
Tak sawang sawang laut biru
Seger rasa ning atiku
Mbayang mbayangke sliramu
Nek ngguyu gawe rasa kangenku
Awan mbengi dadi kepikiran
Sak suwene dewe ora ketemu
Rasa ning njero atiku angel diilangke
Merga ….
Kangenku iki mung kangen karo kowe
Mung kangen kanggo kowe
Opo kowe njur ngrasakke opo sing tak rasakke
Opo kowe yo kangen opo sing tak kangeni
Duh..kang mas
Sak tenane aku kangen sliramu
Saben dina mung bisa nyawang fotomu
Nanging….
Rasa kangenku iki ora bisa di apusi
Kangenku iki mung bisa di obati
Yen dewe  langsung ketemu

Tidak ada komentar:

Posting Komentar